Puntadewa

PuntadewaPuntadewa iku mujudage raja Ngamarta, pambarepe Pandhawa.  Lair marga saka prihatine kang rama, Prabu Pandhu Dewanata. Wektu samana Prabu Pandhu rumangsa uripe ora ana pengarep-arep maneh amarga antuk supatane Begawan Kimindama, yaiku Prabu Pandhu ora bakal bisa duwe turun, ateges ora bisa nerusake Wangsa Barata.

Dewi Kunthi, keng garwa mangerteni marang apa kang dadi penggalihe Prabu Pandhu. Mula, dheweke enggal matur, “ Sinuwun, nalika kula taksih remaja putri, kula pikantuk aji saking guru kula pun Resi Druwasa yaiku aji Adityahredaya utawa aji Kunta wekasing rasa, cipta tunggal tanpa lawan. Saking aji punika sadaya ingkang kawula kajengaken jawata bakal kersa paring kanugrahan.”

Ringkesing crita Dewi Kunthi wus metak aji. Kang ana telenging ati ora liya ya dewaning keadilan, Bathara Darma. Saka kuwasaning Bathara Darma, Dewi Kunthi enggal nggarbini tanpa saresmi kaya dene dumadine titah sawantah. Nalika jabang bayi wis meh lair, ana akacawakya (suwara tanpa rupa kang tumurun saka langit) kang  nyurasa menawa ing besuke ana bayi lair bakal dadi mustikaning para satria, tumindake tulus tumus lair batin lan ora bakal blenja ing janji. Bayi iku ora liya Puntadewa kang darbe sipat hanetepi janji, welas asih, adil wicaksana, lan jujur kaya dene Bathara Darma.

Puntadewa duwe adhi loro nunggal ibu, yaiku Bratasena lan Janaka. Kajaba iku uga duwe sedulur loro seje ibu, yaiku Nakula lan Sadewa. Kalimane asring diarani Pandhawa. Pandhawa banjur maguru marang Resi Krepa lan Pandhita Durna. Dene Puntadewa luwih seneng sinau bab sastra lan pamarintahan tinimbang latihan perang utawa bela dhiri.

Nalika lakon babat wana Wisamarta (Wanamarta), Pandhawa  kasil adeg nagara kanthi aran Ngamarta. Sabenere, alas mau mujudage krajan jin kanthi retune jejuluk Jin Yudhistira. Amarga kalah, jin mau banjur nitis marang Puntadewa.  Krajan cilik mau suwening-suwe banjur dadi krajan kang gedhe lan endah. Kaendahane saprawolone  kayangane Bathara Indra. Mula den arani krajan Indraprasta.

Nalika Puntadewa bakal disengkakake jumeneng ratu ing Ngamarta, Kunthi lan Pandhawa  duwe urun rembug makutha apa kang bakal diagem dening sang raja. Ananging Puntadewa kanthi tulus lan alus nulak, “Apa paedahe makutha dene ora bisa ngemban amanahing kawula. Rambutku ben kaya wingi uni gelung keling mangiket singset Jamus Kalimasada….”

Para dhalang nggambarake menawa lumaku ibarate sukune ora tumipak ing lemah, lan menawa nitih kreta kaya-kaya rodhane kreta mau mabur sandhuwuring bantala. Sanajan lair dudu panengah, Puntadewa mujudage pancering para Pandhawa. Puntadewa mujudage pancer kang tansah njaga jiwa lan karsaning Pandhawa supaya ora nggliwar saka darmaning satria. Akeh conto kang bisa tinuladha saka Puntadewa. Rasa welas asih lan hanetepi janji marang sapadha-padha titahing Gusti katitik ing lakon Wahyu Darma.

Puntadewa ngrilakake peranganing daging ing awake kanggo ijol gemak sing dadi inceraning rajawali. Kanggo ukuraning, abote gemak ditandhing karo aboting daging awake Puntadewa. Ananging boboting manuk gemak tansaya mundhak ateges daginge awak Puntadewa tansaya akeh kang dilongi. Semonoa Puntadewa tansah manteb anggone hanetepi janji kanggo mitulungi manuk gemak amarga rasa welas asihe. Saengga manuk gemak dhewe sing ora tegel mula banjur badhar dadya Hyang Darma lan rajawali bali malih dadi Hyang Narada.

Nalika ngayahi ukum buwang ing alas, Puntadewa uga kauji keadilane. Nalika para adhi Pandhawa ora kuwat ngelak banjur ngombe banyu tlaga, Puntadewa ora ngombe dhewe. Sabubare ngombe, adhi kapapate banjur nemahi tiwas. Dening Gandarwa saupama dheweke bisa tetulung kira-kira sapa salah siji sing bakal diusadani saka pati. Puntadewa njawab yen Sadewa. Alesane, Sadewa mujudage putra saka Ibu Madrim, dene dheweke lair saka Ibu Kunthi. Dadine supaya adil. Gandarwa marem marang jawabane Puntadewa kang adil lan wicaksana, mula kapapate banjur diusadani lan waras-wiris.

Puntadewa duwe kalung robyong kang maringi Patih Gandamana. Marga saka kalung robyong iki Puntadewa bisa triwikrama dadi raseksa seta kang nggegirisi. Jroning crita Dewa Amral lan Pancawala Rabi, Puntadewa triwikrama. Ing perang Baratayuda, Puntadewa kang duwe getih putih kasil ngalahake Prabu Salya kang sakti mandraguna awit duweni aji Candhabirawa. Kang ora bisa mati malah malih bala raseksa kang maewu-ewu cacahe. Ananging kanthi rasa pasrah sumarahing Puntadewa, raseksa kang cacahe maewu-ewu kaya dene lumpuh ora duwe daya lan Prabu Salya nemahi pralaya.

Sabubare perang Baratayuda, Puntadewa uga masrahake kedhaton Ngastina marang keng Uwa Prabu Destarasta kang suwening limolas taun. Iki disekarep kanggo ngurmati pepundhen kang isih sugeng. Ananging, sikepe Puntadewa iki sajane cengkah karo Bima lan Arjuna.

Yen ana sing digetuni, mbok menawa nalika Puntadewa kudu apus-apus marang gurune, Pandhita Durna. Kamangka Puntadewa iku sajroning uripe ora tau goroh. Nalika semana Pandhita Durna krungu kabar yen Aswatama tumekaning pati. Kabeh Pandhawa lan para prajurite ngabarake mangkono. Ora ana liya tumrap Pandhita Durna takon siswane sing ora tau dora. Ananging Puntadewa uga mbenerake kabar mau, awit saka pratikele Prabu Kresna. Pandhita Durna wis ora duwe pengarep-arep meneh, mula kanthi gampang janggane katugel dening Tresthajumna.

Ing tembe, sawise lengser keprabon lan muksa, Puntadewa kasil munggah suwarga loka karo nuntun asune sing tansah setya angancani ninggalake adhine papat sing durung pantes mlebu ing kasuwargan.

Dening : Ki Gatot Gendroyono

Comments

Popular posts from this blog

Pembelajaran IPS dengan pantun

Yang menarik di obyek Wisata Waduk Gajahmungkur Wonogiri